Aisyah Amalia dumados Mbah Tinah Arif Dharmawan dumados Sutejo Dedytha Nur Annisa dumados Cempluk dan Jeng Menul Friska Kurnia Wati dumados Sarinem Prasetyo Ari Nugroho dumados Paimin Pratiwi Indah Sayekti dumados Bu Lurah Titri Anggraini dumados Surtiyem Menika namung parodi. Cerito babagan tiyang pinggiran. Sukses ning kutha, dados kathah tiyang ingkang remen. Babagan tiyang ingkang namung pados dhaharan. Nanging dadi bahan rasanan. Iki carita babagan menungsa. Babagan menungsa ingkang asmanipun Jeng Menul. Kapan mawon dan ing pundi mawon tiyang-tiyang mesthi ngendikakaken Jeng Menul tiyang adol bubur ingkang laris sanget. Tiyang ingkang tumbas kathah-kathahipun para suami. Babagan puniki ndames para garwa kathah pitakonan, wonten napa balik bubur Jeng Menul? Pripun carita salajengipun? Sumangga njenengan pirsani wonten TKP. Di dalam rumah, Sarinem sedang beres-beres. Paimin : “Uwis ta buk’e, esuk iki ben aku wae sing nukokake bubur dienggo si thole, pisan-pisan buk’e leren wae ning ngomah.” Sarinem : “Alah, pak’e ki padine.” (Mengernyit) Paimin : “Padine apa?” Sarinem : “Beralasan momong si thole, beralasan beli bubur, lak ya hanya padine to?” Paimin : “Padine apa to buk’e?” Sarinem : “Padine sampeyan gur pengin nginjen eseme bakule ta? Hayo ngaku!” (Emosi) Paimin : “Ah, fitnah kuwi. Buk’e ki senengane negatip tingking. Suudzon” Sarinem : “Lha pancen mundhute bubur ning nggone sapa?” (Judes) Paimin : “Jeng Menul.” (mesem lan kedhep) Sarinem : “Wha lha dalah, lak tenan ta. Gur pengin ketemu si Menul, kayata lanangan liya.” Paimin : “Lha nonton gelunganmu uwis sepet’e...” Sarinem : “Ooo lha kurang ajar, lanangan semprul, wani-wanine ngomong kaya ngono. Kurang ajar sampeyan. Dasar mata keranjang...” (Terus menerus memaki suaminya sambil memukulinya dengan kemoceng dan keluar) Sarinem terus menerus memaki suaminya yang mata keranjang dan keduanya ngeloyor pergi. Sementara dilain tempat Surtiyem sedang melipat baju-baju. Sutejo : “Yem, Aku jaluk duwit nggo tuku sarapan. Uwis luwe banget’e...” Surtiyem : “Duwit apa?” (Judes) Sutejo : “Ya duwit sing isih payu ta. Aku luwe banget, pengin sarapan bubur iki.” Surtiyem : “Pengin sarapan bubur apa pingin bakule bubur?” (wiwit emosi) Sutejo : “Wis lho aja crigis! Wenehana aku duwit!” Surtiyem : “Duwite mbahmu pa? Wong lanang kok ora gablek duwit. Mbok kerja! Nguli kek, dagang kek, ngamen kek, buruh kek!” Sutejo : “Kak kek, kak kek ! Aku iki kakekmu apa? (Ngrebut dompet Surtiyem ing ndhuwur meja) “Nah, lha iki duwite.” (Mesem lan cepet-cepet ing panggonane Jeng Menul) Surtiyem : “Oh dasar tekek! Bayi boyo! Wis ora kerja, panganen terus duwite bojomu! Tekek elek, ben kejepit kelek, ra isa melek sampeyan! (Muring-muring lan nerusake gaweane). Ngerti-ngerti Sarinem teka ning omahe Surtiyem. Sarinem : “Kulonuwun... Yem, Surtiyem...” Surtiyem : “Mangga...” Sarinem : (Mlebu omah) Surtiyem : “Oalah ndekno kowe ta, Nem. Ana apa kok tumben mrene?” Sarinem : “Ngene Yem, aku pengin curcol masalah bojoku si Paimin kae lho.” Surtiyem : “Lha bojomu ngopo Nem?” (Penasaran) Sarinem : “Si Paimin kuwi alasane pengin momong anakku. Pengin nukokake bubur. Padhahal apa? Wonge kuwi mesthi gur pengin nginjen eseme Menul.” Surtiyem : “Isih mending kowe Nem. Katimbang bojoku si Tejo, Isane gur ngentekake duwitku nggo tuku bubure si Menul kae.” Sarinem : “Walaah... Ndekno bojone awake dhewe ki podo wae. Sebenere ana apa yo karo Menul, kok bubure laris banget, kok sing ngantri nganti berjubel, uyuk-uyukan, umpuk-umpukan. Nganti bojone awake dhewe kepincut karo bubure Menul.” Surtiyem : “Iyo Nem, aku yo penasaran. Piye yen saiki awake dhewe nginjen ning warung bubure Menul?” Sarinem : “Iya Yem, aku setuju karo usulmu!” Sarinem lan Surtiyem banjur lunga menyang warunge Jeng Menul. Ananging ing tengah dalan dheweke ketemu karo Cempluk, bakul bubur saingane Jeng Menul. Cempluk manas-manasi Sarinem lan Surtiyem. Cempluk : “Eh, ana Yu Sarinem kalih Yu Surtiyem. Padha arep ngandi iki kok kesusu?” Surtiyem : “Awake dhewe iki arep nyang warunge si Menul, Pluk.” Sarinem : “Iya. Awake dhewe ki sebel karo Paimin lan Tejo. Saben dino gaweane nangkriiing terus ning warunge Menul. Yen pengin nangkring mbok ya ning WC ngomah wae.” Cempluk : “Wah wah wah, keadaane saiki wis gawat bin genting, jamane wis edan bin sinting. Ana penindasan kaya ngene ki ora oleh ditokne ngono wae. Ana penjajahan hak-hak perempuan ra oleh dicueki. Sampeyan-sampeyan iki ngrasa terjajah ta? betul?” Inem & Iyem : “Betul.” Cempluk : “Iki sing jenenge ora adil, sampeyan-sampeyan para istri wis dilecehke. Masak bojone dhewe nganggep sampeyan-sampeyan kalah karo eseme si Menul. Betul?” Inem & Iyem : “Betul.” Cempluk : “Nah iki sing kudu dibenerke, keadilan iku kudu dijejegke, masak wong cilik kaya awake dhewe ra digatekake. Betul?” Inem & Iyem : “Betul.” Cempluk : “Yen ngono piye yen awake dhewe protes menyang Bu Lurah wae?” Surtiyem : “Ya, aku setuju. Iki wis kebangeten, masak bojoku iku wis ora kerja, ora gablek duwit, saben esuk wis nyarap ning warung bubure si Menul.” Sarinem : “Padha. Padha kuwi karo bojoku. Alesane momong si thole, arep ndulang si thole, e.. lha kok jebule mung pengin ndelengi eseme bakule, si Menul. Aku kan dadi keki.” Surtiyem : “Pancen wong lanang ning ngendi-ngendi ki padha. Si Tejo iku, jas buka iket blangkon, sama juga sami mawon. Saben esuk yen dak kon nimba banyu ngendikane males. Yen dak kon golek kayu isih ngantuk. Yen dak kon gegenen ngko wae. Nanging yen dak kon tuku bubur ning warunge Menul, mak jegagik, ngadeg jejeg, jlenthiiir… Mlayu banter. Gendheng… gendheng tenan iki.” Cempluk : “Menul itu pancen biyang kerok.” Sarinem : “Menul ki pancen semprul.” Cempluk : “Di usir wae de’e!” Sarinem : “Aja, mesakake, di karantina wae.” Cempluk : “Emange kewan. Di pasung wae.” Surtiyem : “Hus, sadis.” Sarinem : “Lha trus diapakake?” Cempluk : “Di serahake wae menyang Bu Lurah, ben beliau sing ngadili, soale bab iki wis nyangkut kestabilitasan nasional. Iki wis nyangkut masalah negara lho.” Surtiyem : “Wah... wah... nganti ngono ta?” Cempluk : “Lha iya, iki berarti wis gawe resah masyarakat, lan keresahan masyarakat iku urusane aparat. Dadi ayo awake dhewe bulatkan kekarepan. Ayo nggiring Menul menyang hadapan Bu Lurah. Inem & Iyem : “Aku sepakat.” Cempluk : “Yen ngono aku pamit dhisik, aku are njaga warung.” (Meninggalkan para istri) Sarinem : “Sik sik sik… aku ki isih curiga e…” Surtiyem : “Curiga apa Nem? Curiga menyang sapa? Apa sing tuk curigani? Apa Menul? Apa malah Cempluk?” Sarinem : “Nah iku sing dak curigai.” Surtiyem : “Sapa Nem?” Sarinem : “Ya Cempluk iku, kok semangateram ngompori awake dhewe, kok gelem-geleme ngewangi awake dhewe nyusun skenario protes menyang Bu Lurah? Mesthi ana apa-apane iki.” Surtiyem : “Ana apa karo Cempluk ya? Sarinem : “O.. I know.. I know… Si Cempluk laky o padha-padha bakul bubur ta, wonge mesthi pengin nyingkirake si Menul. Supaya Cempluk ora duwe saingan, ben wonge bias laris maneh. Kan akhir-akhir iki pelanggane wis padha kabur.” Surtiyem : “Yo isa kui Nem.” Sarinem : “Emang bisa, mulane awake dhewe ki ojo gelem ditunggangi..” Surtiyem : “Masak awake dhewe arep ditunggangi Cempluk, ya jelas emoh. Emange Cempluk ki sapa, arep nunggangi awake dhewe?” Sarinem : “Hus! Pikiranmu reged! Maksude ditunggangi iku diperalat. Awake dhewe tetep merjuangke hak-hake awake dhewe, nanging aja nganti dimeloni kepentingan-kepentingan liya, kaya kepentingan pribadine Cempluk.” Surtiyem : “Lha terus saiki awake dhewe kudu piye?” Sarinem : “Aku ana usul, Piye yen awake dhewe konsultasi disik menyang mbah Tinah, elek-elek ngono sesepuhe awake dhewe lho, deweke paranormal, ngerti akeh.” Surtiyem : “Ya ya… Setuju.. Apik kuwi.. Ayo nyang daleme Mbah Tinah. Ayo ayo…” Ngerti-ngerti Mbah Tinah njedul ing tengah-tengahe Sarinem lan Surtiyem. Sarinem : “Wah hebat panjenengan mbah. Ampuh tenan sampeyan. Pancen sakti. T.O.P B.G.T. Sip.” (Mengacungkan jempol) Mbah Tinah : “Ana apa ta kok aku diomong-omongake, kaya artis wae.” Surtiyem : “Ya amarga sampeyan pancen sekti kok mbah. Masak nembe di rasani langsung rawuh ten mriki…” Sarinem : “Panjenengan pancen kagungan telepati ingkang kuat kok mbah.” Surtiyem : “Weruh sak durunge winarah.” Sarinem : “Caranipun pripun ta mbah?” Mbah Tinah : “Waduh waduh waduh... Kok pitakone akeh eram kaya banyu ing samudra, kaya sepur kluthuk kelangan rem.” Sarinem : “Salahe sampeyan sekti, dados kita lak heran kaliyan kesaktian simbah.” Mbah Tinah : “Sakti apa?” Surtiyem : “Nggih sakti, dereng diceluk sampun njedul piyambak.” Mbah Tinah : “Kuwi ki udu sakti…” Sarinem : “Lha napa?” Mbah Tinah : “Lho lak pancen aturan naskahe ngono, Jare sutradarane kudu ngono…” Inem & Iyem : “Hu.. Dasar simbah…” Mbah Tinah : “Wis wis.. Ana apa.. Ayo plis talking about. Ceritaa menyang simbah, kok padha brukut banget. Rupane rupa-rupa susah, Arepo negara lagi susah awake dhewe kudu tetep sumringah… Ayo sapa disik arep crita, Hayo?? Surtiyem : “Mekaten mbah, kita niki badhe konsultasi dateng simbah...” Mbah Tinah : “Nah ! Gek gage konsultasia, mengko lak pikiranmu dadi plong.” Surtiyem : “Mekaten mbah, wiwit Jeng Menul niku sadeyan bubur, lak suwasana dados mboten kepenak.” Mbah Tinah : “Lha kok isa?” Surtiyem : “Nggih pancen ngoten mbah. Saking dinten menika bojo-bojo kita dados sregep tangi esuk...” Mbah Tinah : “Lho, lak malah apik ta kuwi.” Surtiyem : “Nanging tangi esuk mboten enggal kerja mbah. Malah sarapan bubur kaliyan nyawang eseme Jeng Menul. Puyeng aku.” Mbah Tinah : “Lha terus apane sing salah, sing ndi sing salah?” Sarinem : “Nggih genah Jeng Menul niku ta mbah. Simbah niku pripun ta?” Mbah Tinah : “Lha piye ta nduk? Apane sing salah, apa dodol bubur iku salah, dosa, lan kudu di penjara… Ngaruh nggo uripku?” Surtiyem : “Mesam-meseme niku lho mbah sing salah.” Mbah Tinah : “Wha lha dalah! Apa mesam-mesem iku ra oleh, mesam mesem iku dilarang, apa tau ana undang-undange. Barang siapa mesam-mesem di depan umum, akan di penjara? Ngono kui ta saiki peraturane?” Sarinem : “Esem sing damel lanangan kepincut niku lho mbah. Lak salah ta? Mbok sing wajar mawon meseme.” Mbah Tinah : “Apa yen bojomu kepincut kuwi salahe Menul, kenapa kowe ora nyalahke bojomu wae? Hayooo?” Surtiyem : “Lha soale, sing dados penyebabe niku ya si Menul…” Mbah Tinah : “Lha apa yen ngono, terus si Menul sing kudu disalahke? Ngawur kowe. Yen simbah, iki yen simbah lho, pisan meneh yen simbah lho. Kanthi kadadeyan kaya ngono kuwi, awake dhewe kudu mawas diri, introseksi.” Inem & Iyem : “Introspeksi mbah…” Mbah Tinah : “Ya introseksi. Awake dhewe kudu nonton kepie ta awake dhewe ki, apa ta sing kurang seko awake dhewe ki? Kok bojone awake dhewe ninggalne awake dhewe, kok bojone awake dhewe bosen karo awake dhewe, apa awake dhewe kurang dandan, apa kurang ayu?” Sarinem : “Sik-sik, wis ayu urung penonton?” Mbah Tinah : “Biyen pas isih yang-yangan dandan mati-matian, bareng wis rabi malah nglomprot blas ra tau dandan. Kok bojoku seneng sarapan ning jaba, apa masakanku kurang enak? Yen kurang enak ya ajar masak, ben bojo lan anakmu betah tur seneng mangan ning ngomah. Ra enek salahe awake dhewe bali nonton awake dhewe kepie, ora mung gaco nyalahke wong liya.” Sarinem : “Lha kita sampun kasep dikompori ngge protes dhateng Bu Lurah e mbah... Pripun jal?” Mbah Tinah : “Sapa sing ngompori?” Surtiyem : “Cempluk niko lhe mbah…” Mbah Tinah : “Walah walah.. Gusti Allah Pangeran... Cempluk?” Surtiyem : “Nggih mbah.” Mbah Tinah : “Cempluk iku lak wong sing wis mapan, dagangan bubure ya wis laris, kok ya wedi kesaing… Pluuuuk… Cempluk… Kok ya sempet-sempete kowe ki dolanan kompor, yen keslomot rambute, lak lagi ngerti rasane.” Sarinem : “Lha terus kita kedah pripun mbah?” Mbah Tinah : “Ya terusna wae yen pancen wis ngono. Ning ora usah nganggo emosi. Di niati sowan wae, sapa ngerti Bu Lurah enek dalan metu sing luwih apik.” Sarinem : “Nggih mpun, yen ngoten kita sowan dalemipun Bu Lurah rumiyin…” Mbah Tinah : “Ya wis gek gage… Simbah melu ndongakake…” Para istri gek gage menyang daleme Bu Lurah. Mung kari Mbah Tinah, banjur Paimin, Sutejo, dan Cempluk teka. Paimin : “Lho lho sami badhe teng pundi tiyang-tiyang niko mbah?” Mbah Tinah : “Arep sowan Bu Lurah…” Sutejo : “Kok rombongan, emange wonten wigati napa mbah, kok padha njanur gunung.” Mbah Tinah : “Kuwi lho… padha ngrembugi si Menul.” Cempluk : “Menul maneh... Menul maneh…” Paimin : “Huss menenga ta. Si Menul kenapa?” Mbah Tinah : “Ya ra kenapa-kenapa, biasa-biasa wae ki.” Sutejo : “Lha nggih wonten napa mbah?” Mbah Tinah : “Lha ya ra kenapa-kenapa, mung soal Menul wae kok digedhek-gedhekake. Woles wae lho. Masalah wis rampung kok. ditunggu wae sesuk ning Solo Pos.” Paimin : “Nggih sampun yen pancen mboten wonten menapa-menapa, kula kinten ngantos gawat e, kok ribute ngantos ujung laut. Nggih sampun kersanipun kedadosan menika lumampah napa wontene kemawon, ayo balik…” Mbah Tinah : “Yaaa... Yen ngono si Mbah tak ya balik sik.” (Pergi) Cempluk : “Aku ya arep mulih sik. Arep ngentasi kumbahan.” Sutejo : “Sik sik sik. Kok malah dho mulih ta, jarene mau arep up date beritane?” Paimin : “O iya ya... aku ora oleh ketinggalan beritane si Menul. Pokoke kudu up to date.” Sutejo : “Iyaa... Wah pokoke sing jenenge Menul iku, pancen oke banget Min. T.O.P B.G.T. Sip tenan, bijine isa sepuluh.” Paimin : “jenenge wae Menul, yen nameti dhek e mlaku... Waaah satus seket tenan. Hahaha...” Sutejo : “Jaminan mutu. Kualitas nomer satu!” Paimin : “Ora bakal nguciwani Jo...” Sutejo : “Aku wis kenal cedhak lho karo Menul.” Paimin : “Alaah... SKSD PALAPA kowe, sok kenal, sok dekat, padhahal tidak tahu apa apa.” Tanpa diduga para Wadon lewat karo Menul. Sutejo : “Lho lho... Kok padha mrene... Walah malah bareng Menul barang... Ana apa iki... Kok rombongan... Wah payah iki.. Wah wah kok ana bojoku barang… Mampus aku…” Surtiyem : “Lho kok padha ning kene? Mesthi ngrasani awake dhewe iki… Mesthi padha ngrasani Menul... Kok ora biasa-biasane… Mesthi ana apa-apane iki...” Sarinem : “Wah kebetulan, mumpung ana bojone dhewe. Ayo saiki awake dhewe sowan daleme Bu Lurah. Sisan melu ngrembug.” Paimin, Sutejo, Sarinem, Surtiyem, lan Menul sowan daleme Bu Lurah. Saktekane ing daleme Bu Lurah... Surtiyem : “Kulonuwuuuun... sepedaaa... Assalamu’alaikum.” Bu Lurah : “Wa’alaikumsalam... Wonten napa niki kok rame-rame rombongan dhateng griya kula ?” Jeng Menul : “Nggih, kula kaliyan mbakyu-mbakyu niki badhe curhat, medalaken. Kula kepengin tanglet, kok kula dados bahan omongan, bahan rasanan. Napa salah kula? Kula namung nglampahaken tugas kula. Kula namung sade bubur kangge ngragati ibu kaliyan adik-adik kula. Kok didadosaken objek ingkang disalahke kemawon. Salah kula niku napa? Napa sade bubur niku salah? Napa kula mboten pareng sadeyan malih, terus keluarga kula kedah maem napa? Kula mboten gadhah keahlian sanes kajaba masak bubur.” Sarinem : “Sejatine kita tindak mriki niku mboten badhe nyalahaken Jeng Menul, kalaiyan mboten nyalahaken Paimin kalih Tejo. Nanging kita namung ngajak introspeksi sareng-sareng, mawas dhiri dhateng kelakuan kita, dhateng tanggung jawab kita.” Surtiyem : “Nggih, kita mboten nyalahake sinten kemawon bab kasuse Jeng Menul niki, lan mboten nyalahake si Cempluk ingkang nembe maruk.” Bu Lurah : “Ehm. Menawi sampun ngoten nggih mpun rampung ta. Wonten napa kok kita namung ngurusi babagan sepele, sementara kathah babagan penting negari ingkang dereng keurus.” Sutejo : “Iyo yem, aku lak gur sarapan bubur ning warunge Menul to bojoku sing ayu, sayangku, tresnaku... Tresnaku ra bakal cidro...” Paimin : “Betul kuwi Jo... Awake dhewe ki gur sarapan thok sayang... Aja cemburu to ah.” Bu Lurah : “Naah, ibu-ibu mpun mangertos ta? Wong tresnanipun Pak Paimin kaliyan Pak Sutejo menika namung kangge garwanipun.” Surtiyem : “Lha aku wis kebacut jealous lho.” (Mutung) Sarinem : “Aku iya!” (Melu mutung) Jeng Menul : “Cemburu kok omong-omong...” Inem & Iyem : “Menenga!!” Paimin : “Lho ta malahan... Aja nesu ta bojoku sing paling dak tresnani ing jagad raya iki, aku ra maksud ngana kok.” (mesem) Sarinem : “Tenane pak’e?” Paimin : “Tenaaan.. Suwer buk’e.” Sutejo : “Iyo bojoku aku gur sarapan kok, ora arep aneh-aneh. Sumpah demi apa wae! Sanajan bumi iki ora muter maneh tresnaku marang sliramu ora bakal mandheg Yem.” Surtiyem : “Janji ya?” Sutejo : “Iya lho...” Bu Lurah : “Wah bebojon ki ya kudu kaya ngono. Huft, aku dadi kangen marang bojoku yen ngene carane.” Sarinem : “O iya, lha masalah Cempluk piye?” Jeng Menul : “Emm, ngeten mawon, mangke kersane kula nyuwun ngapura dhateng Yu Cempluk. Kula mboten niat ngganggu sadeyanipun lan mboten niat dados sainganipun Yu Cempluk.” Inem, Iyem, Paimin, dan Sutejo mengangguk-angguk. Bu Lurah : “Yaaa... Menawi mekaten sedaya masalahipun sampun rampung. Dados wiwit sakniki mboten wonten malih permusuhan ibu-ibu kaliyan Jeng Menul.” Inem & Iyem : “Nggih.” Bu Lurah : “Kaliyan mboten wonten malih caritanipun bapak-bapak ingkang nggodani Jeng Menul.” Paimin & Tejo : “Nggih.” Surtiyem : “Nggih sampun, matur nuwun Bu Lurah. Kita sedaya pamit wangsul rumiyin.” MUSIK PENUTUP.
0 komentar